MELU ANYENGKUYUNG LAN ANGELELURI KABUDAYAN JAWI KANG ADILUHUNG.
SAIYEG SAEKA PRAYA RUKUN AGAWE SANTOSA, CRAH AGAWE BUBRAH

Sabtu, 27 Februari 2010

TULISAN KANG BENER

Ana para sedulur priyayi Jawa yen nulis basa Jawa isih kurang mathuk.
Contone mangkene:

Tak jarwakake nganggo Bahasa Indonesia disik ya?
Kepriye yen nulis umpamane "Istriku sakit".
isih ana para sedulur nulise mangkene: "Bojoku loro". Lha rak dadi lucu ta iki? Tegese yen dijarwakake nganggo Bahasa Indonesia dadine : "istriku dua".

Sing bener ya sedulur panulisane mangkene: "Bojoku lara". Pancen angel cara panulisan Jawa nganggo aksara latin iku.

Ora kabeh pocapan "o" ditulis "a". umpamane "bothok", "keplok", "simbok"jenggot" lsp. Ora ditulis:
"bathak", "keplak", "simbak", "jenggat".
pancen ora ana angger-angger sing baku. Mila ya kudu mikir-mikir disik yen arep nulis basa Jawa nganggo aksara latin.

Wasana mugi andadosaken kawuningan. Nuwun. ***

Sabtu, 20 Februari 2010

NALIKA UDAN DERES

udan deres sore kang nelesi gegodongan
aweh berkah kang lagi nandang garing
sawentara nambahi kekes sing kebanjiran

udan februari iki aweh nasib maneka warna
ing bandung sisih kidul para mitra ngekep dengkul
banjir saknduwuring wentis mrusuh
bandung sing nate dadi segara geni
saiki dadi segara banyu kang buthek

udan deres sore iki tak sawang lumantar jendela
cipratan banyu nelesi kaca mbaka siji mili ndlidir
geneya aweh nasib sing ora pada
apa iya bengi iki udan deres maneh?
mendung wis kandel gumantung ana langit. ***

Kamis, 18 Februari 2010

KEMBANG EDELWEISS


pedut adem kekes ora rinasa
kala mangsa ratri peteng dedet lelimengan
ing kene panggonanmu
kembang edelweiss kang mekar langgeng

dudu ana ing pot ruang tamu panggonanmu
nanging ana ing puncaking arga

endahmu kang langgeng tak ripta lumantar gurit
kanggo pangeling yen aku nate jumangkah
mecaki ereng-ereng arga

edelweiss kembang arga kang langgeng
kaya langgenging impenku nalika ketemu sliramu ***

ING PUCUKING CEMARA

kanggo puput

kedeping netramu diajeng,
esem angujiwat tansah nambani tatu
nanging geneya sliramu tansah ana ing saknduwuring lintang
tanganku ora sranta anggayuh

wicaramu kang kenes diajeng
tansah ngelipur ati kang ngandut duhkita
ora ketang sak panginang suwene

ganda arum rikmamu diajeng
tansah ndudut ludira lanangku
kagawa tekan impen
geneya
esemmu tansah ana pucuking cemara
kang obah katiuping samirana
kaya nyapu langit wengi ***

Rabu, 17 Februari 2010

Selasa, 16 Februari 2010

WAYAH ESUK ING PRAPATAN

Jakarta, 17 Februari 2010

simbok bakul pada lungguh jejer
kabeh ditawakake
sing tuku ambanyu mili
ing pinggir prapatan wayah esuk
tansah ana pangarep-arep

udan riwis-riwis mangsa bodo
dibelani toh pati
kanggo jejege urip
caping lan payung godong gedang
aja tansah mulat udan sing marakake keset

tumandang lungguh jejer ana pinggiring prapatan
kapurih aja nganti anak keluwen ***