MELU ANYENGKUYUNG LAN ANGELELURI KABUDAYAN JAWI KANG ADILUHUNG.
SAIYEG SAEKA PRAYA RUKUN AGAWE SANTOSA, CRAH AGAWE BUBRAH

Kamis, 16 September 2010

Ing Taman Tanpa Rembulan

Allief Normaz Billah

Dak waca layangmu

kang mau sore tumeka

nalikane angreronce wewayanganmu

kang dumadakan terwela kagawa

kekesing angin sore mangsa ketiga

isih ana taman iki kang dadi seksi

kala samana angrantu janji

tumekaning purnama sidi

aku lan sliramu sesandhingan

engga madyaning ratri

ora lila sajroning rasa

ing nalikane esuk tumeka

buyarake gedhene kahyuna

kamangka ingdalem sawengi

namung peteng lan arum ganda mlathi

kang angambar sajroning ati

ngetutke lumayune rodha

ninggalake taman gegandhengan

miyak rasa tumuju kisik segara


kembeng kaca kaca nalika

abot ngeculke tangan

kang keket gegondhelan

pamitan yen iki dina pungkasan

ewuh aya pambudiku ninggal rasa

lan kaca kaca purwa

binarung kidung asmara dahana

dumadakan mangsa sandya kala

layangmu tumeka

kandha yen isih tresna

Rembang, 16 September 2010




Selasa, 07 September 2010

KENYA NINDYA ING WARNA

zamroni allief billah


lagi wae tumeka tega pamit lunga

mung sasuwene ambarengi candra

nanging arikalane abyor ing cahya

luwih sampurna tinimbang padhange rembulan

kang mung telung dina ing kasampurnan

durung pupus anggonku mandeng

saha cacedhakan marang sliramu

lan nalikane durung bisa ngrasaake

yen tekamu ing sandhingku kasunyatan

uga kangen ana dhadhaku iki ya temenanan

sliramu pamit arep bali

krana wus tumekane titi wanci

namung ninggalake arum ganda melati

sangsaya gawe sumendhal sajroning ati

dhuh... kenya kang nindya ing warna

kapan maneh anggonmu tumeka

nambani tatu kang ana dhadha

karana

mung esemmu kang bisa dadi

tamba sakehing lelara

Jombang, 8 September 2010

Er... : kangenku sakdurunge lungamu

Minggu, 05 September 2010

NALIKA SEPI ....

NALIKA SEPI ....

pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut ***

maymintaraga, jakarta 27 mei2009

UDAN WAYAH SORE

UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009


udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***