MELU ANYENGKUYUNG LAN ANGELELURI KABUDAYAN JAWI KANG ADILUHUNG.
SAIYEG SAEKA PRAYA RUKUN AGAWE SANTOSA, CRAH AGAWE BUBRAH

Selasa, 25 Desember 2012

GENDHING KEBOGIRO

Para kadang ingkang minulya, kula gadhah koleksi gendhing-gendhing kagem adicara temanten.
Menawi badhe ngersakaken sumangga kula aturi sesambetan lumantar tlpn 0812 7759 245
Formatipun MP3 lan VCD.Lintunipun upah ngrekam, CD lan ongkos kirim.

ngelingake nalika 23 tahun kawuri
aku lan sliramu sarimbit lumampahnya alon
gegandhengan kaya mimi lan mintuna
babut warna abang angambar sekar setaman
janji bakal nyawiji nganti kaken ninen
muga kabeh bakal dadi kasunyatan
aku lan sliramu bungah susah mecaki dina-dina
kebo-giro iki sarana pepeling
yen kita nate ninggal janji ***









Minggu, 16 Desember 2012

MECAKI UDAN (YEN AKU KI AGENG SELA)

sesuk yen isih ana udan
tak sangoni payung apa caping
dimen ora nelesi rambutmu
udan angin gludug angampar
umpamane aku dadi Ki Ageng Sela
bakal tak buntel gludhug lan thathit

dimen lakumu tansah anteng
sinambi nembang lirih turut lurung
bocah angon bisa ngeyub ing gubug

sesuk yen isih ana udan
tak sangoni donga kalawan puji
ngiringi lakumu mecaki udan
agemen payung sing tak sangoni
aja ninggal kaprayitnan lunyuning lemah
gludhug lan thathhit wis tak cekel.
kaya Ki Ageng Sela

GURIT DALU SUCI

GURIT DALU SUCI
maymintaraga

metua njaba tumenga ing angkasa
ana lintang panjer wengi kang gaib
wus sinerat lan jinangka ing babad-babad kuna
wengi iki
bakal miyos sang ponang jabang bayi mijil kakung

kang paring kaslametan tuwin katentreman
sakindhenge jagad arcapada
sakabeh jalma bakal antuk patebusan

mara enggal sungkem manembah
mring Kang Murbeng Dumadi
mangayubagya bakal rawuhe pepadhang
sinareng manthering llintang panjer wengi
sang ponang jabang bayi nangis kekejer
anggeterake saklumahing bawana
kang miyos saka guwa garbane kenya suci ***