MELU ANYENGKUYUNG LAN ANGELELURI KABUDAYAN JAWI KANG ADILUHUNG.
SAIYEG SAEKA PRAYA RUKUN AGAWE SANTOSA, CRAH AGAWE BUBRAH

Sabtu, 27 Juli 2013

KELINGAN

KELINGAN
  Limbuk Sekaring Asih











Ing madya ratri wis padha ngimpi 
geneya aku kelingan lelakon kang wus kawuri 
nalika sliramu ngucapke janji 
sanggup angenteni 
dalan iki dak liwati maneh 
nanging wis seje rasane aku bingung kok dadi ngene 
jebul sliramu wis karo liyane 
remuk rasaning ati 
meruhi kahanan iki 
atiku kadya di jejuwing
aku nangis njempling njempling jroning batin
geneya sliramu ora eling karo piweling
sing dak gurit ing kacu kuning 


28072013

GEGURITAN :DYAH SEKARTADJI

NAWANG WULAN








T R E S N A

Dumadakan aku kepengin dadi lintang ing tawang
Ngegana
Ndedel akasa
Rerangkulan klayan rembulan
Nedya lelangen marang sunar kencana ing dhadhamu
Sing salawase iki
Ngrenggani wewengkon atiku
Lan ngujiwatake jejangka
Marang sagegem ukara
Tresna

Kotabumi, Madya ratri
DS


DYAH

Kembaraning karep
Saikine wus jangkep
Dene winih gurit sing nate gogrog ing atiku
Wis tuwuh ngrembaka
Mekar tumangkar nyulami cakepane gending semaya

Mula, Dyah
Esem manis pawewehmu wingi
Wis bisa nentremake ati
Nadyan ta langit laburan peteng
Nadyan ta pedhut memalang laku
Aku ora samar
Awit konang-konang wengi
Awit lintang-lintang siwi
Wis pindhah mapan ing netramu

Kotabumi, 01 mei 2013
Karipta dening : Tejo Wulan
Kanggo : Dyah Sekartadji


LAYUNG JINGGA

Layung jingga
Wiwit ngliga
Mungkasi gumelaring candhik lelayarane mega-mega
Nggiring angslupe bagaskara
Ing gigire cakrawala

Yen ta pucuke sore iki bisa crita, Yayi
Ana luh kang kutah
Ana ati sing bengkah
Rikala kapang ngundang baline jangkah
Saka tlatah samune pangumbaran

Ing pucuke sore iki
Dakronce pangrasaku ngenut lakune angin
Ngupaya lebur ana kandhutane mega
Sanadyan ta mung pengangen kang lana
Lan muspra ing sajroning pangentha-entha

Ya ben ta wengi iki sepi-sepi
Ya ben ta kapang iki nglinthing kalindhes katreme wengi

Kotabumi, Lingsir sore
DS