Ing madya ratri wis padha ngimpi geneya aku kelingan lelakon kang wus kawuri nalika sliramu ngucapke janji sanggup angenteni dalan iki dak liwati maneh nanging wis seje rasane aku bingung kok dadi ngene jebul sliramu wis karo liyane remuk rasaning ati meruhi kahanan iki atiku kadya di jejuwing aku nangis njempling njempling jroning batin geneya sliramu ora eling karo piweling sing dak gurit ing kacu kuning 28072013
Dumadakan aku kepengin dadi lintang ing tawang Ngegana Ndedel akasa Rerangkulan klayan rembulan Nedya lelangen marang sunar kencana ing dhadhamu Sing salawase iki Ngrenggani wewengkon atiku Lan ngujiwatake jejangka Marang sagegem ukara Tresna
Kotabumi, Madya ratri DS DYAH
Kembaraning karep Saikine wus jangkep Dene winih gurit sing nate gogrog ing atiku Wis tuwuh ngrembaka Mekar tumangkar nyulami cakepane gending semaya
Mula, Dyah Esem manis pawewehmu wingi Wis bisa nentremake ati Nadyan ta langit laburan peteng Nadyan ta pedhut memalang laku Aku ora samar Awit konang-konang wengi Awit lintang-lintang siwi Wis pindhah mapan ing netramu
Kotabumi, 01 mei 2013 Karipta dening : Tejo Wulan Kanggo : Dyah Sekartadji LAYUNG JINGGA
Layung jingga Wiwit ngliga Mungkasi gumelaring candhik lelayarane mega-mega Nggiring angslupe bagaskara Ing gigire cakrawala
Yen ta pucuke sore iki bisa crita, Yayi Ana luh kang kutah Ana ati sing bengkah Rikala kapang ngundang baline jangkah Saka tlatah samune pangumbaran
Ing pucuke sore iki Dakronce pangrasaku ngenut lakune angin Ngupaya lebur ana kandhutane mega Sanadyan ta mung pengangen kang lana Lan muspra ing sajroning pangentha-entha
Ya ben ta wengi iki sepi-sepi Ya ben ta kapang iki nglinthing kalindhes katreme wengi
YEN ING TAWANG ANA LINTANG KALAU DILANGIT ADA BINTANG
cantik,... kalau dilangit ada bintang aku menunggu kedatanganmu kepada awan di angkasa, adikku kutanyakan beritamu cantik,... aku ingat akan semua janji terharu rasa dalam hati bintang-gemintang berkedip dengan genit cintaku melampaui batas langit
waktu itu bintang menjadi saksi akan janjimu mega dan bintang mengiringi perjalanan cinta kita
cantik,... kalau dilangit ada bintang dengarlah tangis dalam hati ini teriring suara malam yang hening menunggu terbitnya bulan *** English Version: IF THERE ARE STARS AT THE SKY sweetheart if there are stars at the sky I am waiting for you to the clouds at the sky, my darling i ask how are you tonight? sweetheart, I remeber about all of you promises my heart feel blue the stars are glowing and flirting my love pass beyond the sky remember the time when the stars became witness of your words clouds and stars walked along with our love my darling, if there are stars at the sky listen to my heart crying and the rythm of a lonely night waiting for the moon rise ***