MELU ANYENGKUYUNG LAN ANGELELURI KABUDAYAN JAWI KANG ADILUHUNG.
SAIYEG SAEKA PRAYA RUKUN AGAWE SANTOSA, CRAH AGAWE BUBRAH

Kamis, 16 September 2010

Ing Taman Tanpa Rembulan

Allief Normaz Billah

Dak waca layangmu

kang mau sore tumeka

nalikane angreronce wewayanganmu

kang dumadakan terwela kagawa

kekesing angin sore mangsa ketiga

isih ana taman iki kang dadi seksi

kala samana angrantu janji

tumekaning purnama sidi

aku lan sliramu sesandhingan

engga madyaning ratri

ora lila sajroning rasa

ing nalikane esuk tumeka

buyarake gedhene kahyuna

kamangka ingdalem sawengi

namung peteng lan arum ganda mlathi

kang angambar sajroning ati

ngetutke lumayune rodha

ninggalake taman gegandhengan

miyak rasa tumuju kisik segara


kembeng kaca kaca nalika

abot ngeculke tangan

kang keket gegondhelan

pamitan yen iki dina pungkasan

ewuh aya pambudiku ninggal rasa

lan kaca kaca purwa

binarung kidung asmara dahana

dumadakan mangsa sandya kala

layangmu tumeka

kandha yen isih tresna

Rembang, 16 September 2010




1 komentar: